استغفر الله ربّ البرايا #
استتغفر الله من الخطا ياربّي زدني علما نافعا # ووفّقني عملا صالحايا
رسول الله سلام عليك # يا رفيع الشان و الدرجعطفة يا جيرة العالم # يا
أهَيل الجود والكرم
Ngawiti ingsun nglaras Syiiran
Kelawan
muji marang Pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rino
wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo
mong ngaji Syare'at bloko
Gur pinter ndongeng, nulis lan moco
Tembe
mburine bakal sengsoro
Akeh kang apal Qur'an haditse
Seneng
ngafirke marang liyane
Kafire dewe gag di gatekke
Yen isih
kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing
pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine
peteng lan nisto
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe
ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite
Baguse
sangu mulyo matine
Kang aran soleh bagus atine
Kerono
mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo hakikot
manjing rasane
Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo
ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake
ing njero dodo
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing
badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rosul dadi pedoman
Minongko
dalan manjinge iman
Kelawan Allah kang moho suci
Kudu
rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan
suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
Dununge
roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh
tinakdir saking pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
kang
podo rukun ojo ngasio
Iku sunahe Rosul kang mulyo
Nabi
Muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sakabehane
Allah
kang bakal ngangkat derajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging
mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing pungkasane
Ora
kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh
mayite ugo ulese
0 komentar:
Posting Komentar